Artikel bahasa jawa wildan rahmat X IBB 1 SMAMDA

SAMPAH PLASTIK
Sampah yaiku barang sisa sing ora digawe maneh. Minurut sifat, sampah iku ana jenise yaiku sampah organic lan sampah anorganik. Contoh sampah organic yaiku godhong, kayu, lan bagean-bagean organisme liyane. Lan sampah anorganik yaiku kertas, plastic, kaca, lan liyane.

Sampah plastic kalebu sampah anorganik. Yaiku sampah sing ora bisa diuraikake. Perlu waktu sampe 200 taun guna nguraikake sampah plastic nganggo cara alami. Tapi ana cara liya gawe ngilangake sampah plastic. Yaiku diobong lan didaur ulang. Daur ulang sampah plastic bisa digawe kerajinan.

Dampak plastic ing lingkungan yaiku asil negative sing kudu ditanggung dening alam amarga ana sampah plastic. Dampak iki penting banget. Plastik sing wiwit digunakake sajrone 50 taun kepungkur, saiki wes dadi barang sing ora bisa dibedakake ing uripe manungsa. Ana kira-kira 500 yuta nganti 1 milyar kantong plastic ing digunakake dening pedunung donya ing setaun.

Liwat konsumsi plastic, uga nyebabake akeh sampah plastic. Amarga ora asale saka senyawa biologis. Plastik duwe sifat iwuh dirusak (ora biodegradable). Plastik diprakirakake bakal nggunakake 100 luwih saka konsumsi plastic. Uga nyebabake akeh sampah plastic, amarga ora asale saka senyawa biologis. Plastik kasebut nduweni property sing angel dikurangi.

Ana sawetara cara kanggo ngurangi panggunaan plastic. Yaiku nggawe tas kain nalika blanja. Nggawe botol sing isa digawe bola-bali. Utawa nganggo cara liyane. Yaiku nggawe sampah plastic dadi bahan kerajinan. Saliyane bisa nyuda sampah plastic, cara iki bisa ningkatake daya kreativitas.

Akhir-akhir iki akeh wong sing nyoba nyuda sampah plastic. Kanthi nggunakake cara ing nduwur. Iki ditindhakake kanggo nyuda sampah sing ana ing lingkungan, utamane sampah plastic. Amarga sampah plastic iku iwuh ngilangnoe. Malah ratusan taun durung karuan bisa gawe nguraikake sampah plastic.

Nama kelompok :
-Zulfa Intan R. (30)
-Sabina Rokhimallah (24)
-Wildan Rahmat (29)
-M. Miqdad (19)
-Erlangga Dwi T. (5)

Komentar